Adeging Desa Karangduwet ( Bahasa Jawa )

Administrator 03 Maret 2020 10:38:53 WIB

KARANGDUWET IJO ROYO-ROYO

“ Gemah ripah lohjinawi “

 

Bumi Karangduwet

Sampar Paliyan[1] “ satunggaling peristiwa utami dumadosing wilayah desa karangduwet, nuninjih desa ingkang dados pangayomaning warga masyarakat kabupaten gunungkidul sisih kilen. Desa ingkang alit ananging pendudukipun radi kathah, keporo saget kawastanan desa ingkang gemah ripah loh jinawi.

Desa karangduwet meniko desa ingkang mapanipun paling sisih kilen saking kecamatan Paliyan, karono sisih kilenipun sampun berbatasan kaliyan kecamatan Panggang. Sebagian ageng saking wilayah Desa Karangduwet meniko arupi lahan pertanian, sasanesipun ugi wonten tanah kehutanan, pegunungan kapur, soho kali ingkang membentang wonten ing satengah-tengahing padusunan.

Tapel watesing Karangduwet

Watesing Desa Karangduwet injih meniko sisih kidul pun watesi jajaran pegunungan kapur utawi asring pun wastani kanthi pegunungan karst ingkang membentang saking kilen mengetan ingkang kidulipun sampun kalebet kecamatan Saptosari. Sisih kilen sampun winates kaliyan kecamatan Panggang, sisih ler wiatesan kaliyan kecamatan playen. Sisih wetan winatesan kaliyan Desa Karangasem. Sebagian ageng perbatasan desa karangduwet meniko arupi hutan jati ingkang ndadosaken tondho bilih meniko wates Desa Karangduwet.

Tanah utawi siti wonten ing desa karangduwet meniko kathahipun siti abrit inggih meniko siti ingkang cocok kagem pertanian. Sasansipun abrit ugi mapan wonten ing dataran rendah, sahenggo masyarakat kathahipun ngginakaen meniko kagem bercocok tanam. Taneman inking pun hasilaken saking lahan ing desa karangduwet meniko kathahipun polowijo ugi pantun. Nanging sedoyo masyarakat tani ing desa karangduwet naming gumantung kaliyan lahan tadah udan.

Kawontenaning pemukiman masyarakat ing desa karangduwet kathahipun sampun radi padet karono kathahing pendudukipun. Desa karangduwet kadadosan saking 8 ( wolu ) Dusun, 51 RT inggih meniko        :

  1. Dusun Tahunan kadadosan saking 10 RT
  2. Dusun Pendem kadadosan saking 4 RT
  3. Dusun Corot kadadosan saking 5 RT
  4. Dusun Karangduwet kadadosan 4 RT
  5. Dusun Paliyan Tengah kadadosan 4 RT
  6. Dusun Paliyan Kidul kadadosan 8 RT
  7. Dusun Paliyan Lor kadaosan saking 6 RT
  8. Dusun Surulanang kadadosan 10 RT

Saking 8 dusun meniko penduduk desa karangduwet anggadhahi penggenan ingkang sami rata-rata caket, sahenggo ndadosaken pemukimanipun radi padhet.


Karangduwet Ayem tentrem

Ayem tentrem meniko saungel tembung ingkang dados idam-idamanipun kathah piyantun, utaminipun warga masyarakat Desa Karangduwet. Katentreman

Desa Karangduwet kalebet salah setunggaling desa ingkang wiaripun paling ageng wonten ing kecamatan paliyan sasampunipun desa Karangasem. Sasanesipun wilayahipun ingkang wiar, ananging jumlah pendudukipun kalebet ageng ugi. Miterat data penduduk tahun 2012 bilih penduduk desa karangduwet meniko wonten 7.348 jiwa ingkang kadadosan saking 3.630 jiwa kakung, soho 3.718 jiwa putri. Jumlah ingkang kathah meniko temtu ndadosaken agenging kabetahan soho mapinten-pinten permasalahan masyarakat injih ekonomi, social, budaya, soho sanesipun. Data kepala keluarga wonten ing tahun 2012 meniko wonten 2.096 KK.

Sumbering urip kang nguripi

Masyarakat ing desa karangduwet kathahipun petani, amargi kathahipun lahan pertanian soho sampun turun temurun saking nenek moyangipun bilih sedoyo petani. Pertanian wonten ing desa karangduwet naming njagagaken sawah utawi lahan tadhah udan ingkang mangsanipun temtu neggo dhatengipun musim rendheng. Taneman ingkang pun tanem kathahipun polowijo soho pantun. Menawi ketigo dumugi masyarakat kathahipun naming nanem taneman kagem pakan ternakipun, ingkang arupi kolonjono, turi, manding, lan sanes-sanesipun. Hasil pertanian ingkang pun undhuh sebagian kecil pun tanem malih kagem winih lan sisanipun meniko pun sade kagem kabetahan gesang.

System pertanianipun taksih tradisional, karono taksih ngginakaken peralatan sederhana soho pupukipun taksih kathah ingkang ngginakaken pupuk kendhang. Anggenipun sami nanem kathahipun ugi ngngem sitem tumpangsari injih meniko nanem taneman kanthi mapinten-pinten jenis umpaminipun kacang, kaliyan telo pohong, jagung.

Agami soho kapitadosan

Masyarakat desa karangduwet kathahipun nganut agami islam, ananging ugi wonten sebagian ingkang nganut agami sanes injih meniko Kristen, katholik, soho beberapa kepala keluarga ingkang nganut agami hindu. Sasanesipun agami meniko kathah ugi masyarakat ingkang taksih ngginakaken pretangan jawi utawi kathah piyantun nyebat meniko kejawen ( aliran kepercayaan ). Poro pinisepuh taksih kathah ingkang ngginakaken pretangan jawi meniko, sahenggo desa karangduwet taksih kathah tokoh-tokoh kejawen ingkang pun dadosaken panutan babagan pretangan jawi.

Ngelmu

Pendidikan masyarakat ing desa karangduwet rata-rata taksih rendhah. Kathah ingkang taksih lulusan sekolah dasar, bahkan taksih kathah piyantun sepuh ingkang dereng nate nderek sinau wonten ing sekolah. Miterat data ingkang wonten, tahun 2012 meniko 40% penduduk taksih lulusan sekolah dasar, sasanespun meniko wonten ingkang tamatan SLTP, SMU, D1, D2, D3, S1 soho wonten ugi ingkang sampun lulusan S2. Anak usia sekolah kathah ingkang sampun memulai sadar pentingipun pendidikan, sahenggo kathah ingkang nglajengaken pendidikan dhateng jenjang ingkang langkung inggil.

Sasanesipun pendidikan formal wonten ing sekolah, desa karangduwet ugi wonten lembaga pendidikan non formal ingkang pun wadhahi wonten ing lembaga PKBM ( Pusat Kegiatan Belajar Masyarakat ). Wonten ing mriku piyantun ingkang mboten sekolah formal saget menempuh pendidikan kanthi jalur non formal ingkang pun wastani pendidikan kesetaraan. Pendidikan kesetaraan meniko wonten paket A setara SD, Paket B setara SMP, soho Paket C setara SMU. Wonten ing PKBM ugi dipun wontenaken pendidikan keaksaraan inggih meniko pendidikan kagem masyarakat ingkang dereng nate nempuh pendidikan sama sekali utawi buta huruf. Desa karangduwet ugi nggatosaken wontenipun pendidikan ketrampilan ingkang sedoyo kolowau naming kagem mendidik kemandirian masyarakat, kanthi pangajab masyarakat ing desa karanagduwet saget gesang kanthi mandiri, sejahtera sahenggo tuwuh satunggaling masyarakat ingkang  ayem, tentrem, bandhol ngrompol, guyub rukun, sayeg saeko kapti.

 

 Kabudayan adiluhung

Kabuudayan jawi meniko dados satunggaling pratandha luhuring budi masyarakat jawi. Pramilo kabudayan dados bab ingkang estu penting kagem mupuk raos  andhap asor, lembah manah, soho sopan santun ingkang dados ciri piyantun jawi, utaminipun kabudayan tilaranipun leluhur ingkang taksih wonten ing masyarakat.

Kabudayan ing Desa Karangduwet taksih kathah ingkang lestari, ing antawisipun reog, jathilan, beksan, kethoprak, soho mapinten-pinten kesenian tradisional. Sasanesipun meniko ugi dolanan tradisional taksih asring pun lestantunaken kagem nguri-uri ing masyarakat. Permainan soho dolanan ingkang asring pun lombaaken injih meniko egrang, gobak sodor, benthic, sunda manda utawi slerekan, boisan, lan sanes-sanesipun.

 

 

[1] Sejarah ngengingi adeging kecamatan paliyan

 

KARANGDUWET

 

Karangduwet satunggaling unen-unen ingkang kapireng radi benten wonten ing talingan. Menawi kito persani saking koco tingal katanipun, karangduwet kadadosan saking kalih suku kata injih meniko karang kaliyan duwet. Kekalihipun ngemu suraos ingkang benten. Karang artosipun selo lajeng duwet meniko satunggaling wit-witan ingkang wohipun saget dipun konsumsi dening masyarakat.

Ngantos sameniko karangduwet satunggaling unen-unen ingkang dipun dadosaken nami desa ing kecamatan Paliyan. Kathah masyarakat ingkang paring pendapat benten-benten ngengingi artos soho peristiwa ingkang dadosaken suraos karangduwet meniko dados nami desa. Kathah sumber ingkang paring keterangan benten-benten, asal muasal nami Desa Karangduwet meniko.

Wonten ing buku meniko, kito cawisaken saking 3 sumber ingkang saget paring keterangan babagan pawitan soho artosipun karangduwet inggih meniko          :

  1. Mbah Sartono ( 93 Tahun )

Mbah Sartono meniko sesepuh ingkang ngantos sameniko taksih sugeng, sahenggo kathah sekedikipun mangertos babagan sejarah desa Karangduwet.

 

=> Mbah Menggung

          Sejarah kadadosanpun Desa Karangduwet ingkang sepindhah mboten wal saking sejarahipun Mbah Menggung. Kathah pinisepuh ingkang paring sejarah babagan meniko.

          Senajan sesebatanipun Mbah ananging miterat mapinten-pinten sumber nyebataken bilih Mbah Menggung meniko piyantun ingkang taksih timur. Naliko semanten mbah menggung meniko satunggaling Abdi Dalem Keraton Majapahit ingkang membo-membo dados kawulo limrahipun piyantun ndesa. Miterat poro sesepuh desa karangduwet bilih Mbah Menggung naliko semanten piyantun ingkang anggadhahi mapinten-pinten kadigdayan, ing antawisipun menawi mandeng mawi paningalipun saget ndadosaken menopo ingkang pun pandeng dados mati. Umpaminipun mandeng manuk ingkang miber, manuk meniko saget langsung dhawah. Umpami mandeng pitik mlajar, pitik meniko saget mati.

Sasanesipun kadegdayan meniko wau, Mbah Menggung ugi menawi astanipun ngantem tiyang sanes saget ndadosaken ingkang pun antem kolowau saget sedo. Ngantos sakmeniko pasareanipun taksih wonten senajan mboten wonten tetenger arupi asmanipun Mabh Menggung.

Miterat pangandikanipun sesepuh desa Karangduwet bilih mbah menggung meniko saderengipun sedo paring pangandikan “ Mbesok umpomo ono rejaning njaman daerah kene iki areb dumadi negoro kang akeh kawulane, Kene iki tak wenehi tetenger Karang Kahuripan “.

Saking pangandikanipun Mbah Menggung meniko wau, lajeng saderengipun dados desa wilayah karang kahuripan dados satunggaling daerah ingkang makmur saenggo sekedik mboko sekedik piyantun dumugi wonten ing karang kahuripan meniko. Tamsoyo dangu tamsoyo kathah pendudukipun. Lajeng sasampunipun kathah pendudukipun ugi kemajenganing jaman, karang kahuripan dados satunggaling kelurahan ingkang pun pimpin dening lurah.

Miterat mbah Sartono bilih wiwitanipun dados nami Karangduwet meniko saking sejarahipun ki ageng giring ingkang topo laku saking majaphit lajeng panjenenganipun istirahat wonten sak ngandhaping wit duwet. Wit dhuwet meniko wonten ing gunung blondho sahenggo ki ageng giring paring asmo papan kolo wau kanthi sesebatan karangduwet.